Sabtu, 22 Desember 2018

PEPADHANG TUMEKA, PEPETENG SIRNA

Uripe manungsa kaya dene lumaku ing pepeteng
Dunyane wis ora anteng
Akeh wong kang pada cumleng
Sitihik-sithik pating petenteng

Wong gawe dosa kaya wis lumrah
Yen ora padha  ka anggep salah
Karo wong liya sawiyah-wiyah
Ora seneng yen kancane bungah

Wus sinerat du king uni
Kitab suci wis ngawuningani
Yen pepadhang bakal tumeka
Nyunari dunya kang kasaput mega

Amung Gusti pepadhang jati
Kang bisa nyingkiri pethenging wengi
Pepadahang bakal tumeka anggawa kabar bungah
Mara kita abikah manah,
Aja sumelang, Gesing bakale gesang.

Temanggung, 25 Desember 2018
Geguritan ini dibuat khusus atas pesanan Bapak  Hariyani Kepala Desa Gesing untuk dibacakan dalam Perayaan natal GPdI Victory Gesing tahun 2018 yang bertema, " Di Dalam terang, Tidak ada kegelapan."

0 komentar:

Posting Komentar