Jumat, 21 Agustus 2020

NGUPAYAA GUSTI

Waosan Kitab Suci:
"Padha ngupayaa marang Pangeran Yehuwah lan kasantosane, padha tansah ngupayaa wedanane! (Jabur 105:4)

 “Apa yang dicari orang, siang malam, pagi, petang? Uang, uang, uang.”  Tembange lare sekolah minggu iku, menawa  digagas ana benere.  Wiwit tangi  turu,  nganti  mapan  turu  apa  kang  diupaya  ora  liya  kejaba  dhuwit. Lali  Gustine,  lali  bojone,  lali  anake,  lali  kancane.    Ora  bisa  nganggo  cara kang halam, haram ora papa. Anggere oleh dhuwit. 

Ana   crita   mangkene:   Sawijing   dina   ana   wong   telu   mara   dhayoh. Gandheng  kang  didhayohi  somahe  lagi  ora  ning  ngomah,  dhayohe  ora gelem   mlebu.   Ngancik   sore,   somahe   bali.   Banjur   manggakake   para dhayoh mau mlebu. Dhayohe wangsulan: “Ndherek  tepang.  Kula  lan kanca kula boten saged mlebet sareng-sareng, jenengan kedah miji salah satunggal.    Kekasih  kula:  Sugih.  Adhi  kula:  Sukses.  Lan  kangmas  kula punika  Tresna  Asih.  Mangga  dipun  rembag,  pundi  ingkang  kakersaaken mlebet?” Banjur padha rembugan. Somahe pengin Sugih, Rabine pengin Sukses, wondene anak-anake, kang mbeneri ora butuh Sugih lan Sukses, kepinginTresna   Asih.   Banjur   sarujuk   Tresan   Asih   kang   oleh   mlebu. Nalikatresna  asih  kaaturan,  Sugih  lan  Sukses  ngetutake.  Pranyata  yen Sugih  lan  Sukses  kuwi  wuta.  Bisane  mlaku  yen  dituntun  Tresna  Asih. Mulane    ngupayaa    Gusti    Allah    lan    katresnane,    nuli    kabeh    bakal diparingake.

.Babar pisan ora arep meden-mendeni. Pangandikane Gusti tumrap wong kang ora ngupaya Gusti:  “Sing marang pati, maranga ing pati! Sing marang  pedhang,  maranga  ing  pedhang!  Sing  marang  pailan,maranga ing  pailan!  Sing  menyang  tawanan,  menyanga  ing  tawanan!  Amarga  ora mratobat saka polah tingkahe.” Golek dhuwit oleh. Nanging aja nganti  nguwasani   uripe   awake   dhewe.   Ngupayaa   Gusti,   temah   oleh   urip. Tindakna katresnan temah rahayu.

0 komentar:

Posting Komentar