Senin, 03 Januari 2022

PEPADHANG TUMEKA, PEPETENG SIRNA

 Uripe manungsa kaya dene lumaku ing pepeteng
Dunyane wis ora anteng
Akeh wong kang padha cumleng
Sithik-sithik pating pethenteng

Wong  gawe dosa kaya wis lumrah
Yen ora padha ka anggep salah
Karo wong liya sawiyah-wiyah
Ora seneng yen kancane bungah

Wus sinerat duk ing uni
Kitab suci wis ngawuningani
Yen pepadhang bakal tumeka
Nyunari dunya kang kasaput mega

Amung Gusti pepadhang jati
Kang bias nyingkiri petenging wengi
Pepadhang bakal tumeka
Anggawa kabar  bungah.
Mara kita abikah manah

Aja sumelang, Gesing bakale Gesang

LINK INFORMASI PENTING
FLASHDISK PAKET PANDUAN PELAYANAN
FLASHDISK PAKET PELAYANAN ANAK
FLASHDISK PAKET OPERATOR MULTIMEDIA GEREJA

0 komentar:

Posting Komentar